Selasa, 17 Desember 2013

AUTOBIOGRAFI KUNTHI NAWARUCI

      Nepangaken, nama kula Kunthi Nawaruci, kanca-kanca asring nimbali “Uci utawi Kunthi”. Kula, putra nomer 1 saking 2 sedulur, ingkang mbajeng menika kula piyambak, lajeng ingkang nomer kalih kakung namanipun inggih menika Krisna Kesawa Sidi. Asmanipun Bapak inggih menika Rasim saha asmanipun Ibu inggih menika Sri Suparti. Bapak inggih menika guru ing SMKI Yogyakarta saha gadhah profesi minangka dhalang. Wondene ibu namung ibu rumah tangga.
      Kula lair tanggal 29 November 1992 ing dusun Duwuran Parangtritis Kretek Bantul Yogyakarta. Wiwitan sekolah nalika umur kula 6 taun inggih menika ing TK Kuncup Melati IV, lajeng nglajengaken sekolah SD ing SD N 2 Sono. Nalika SD kula remen sanget kaliyan tari. Saben wonten pengetan 17an Agustus kula mesthi ndherek pentas nari. Sasanesipun nari ugi nate ndherek lomba panembrama amargi kula ugi remen sanget nembang. Salaminipun 6 taon pados ngelmi ing jenjang SD, kula nglajengaken sekolah SMP ing SMP 2 Kretek. Nalika SMP, kula mesthi angsal juwara. Kanca-kanca kula ajeg kemawon, inggih menika kanca-kanca nalika SD, namung saperangan ingkang enggal.
      Kula remen sanget nembang, nari saha volly. Tamat anggenipun sekolah SMP, kula nglajengaken ing SMA 1 Sewon. SMA 1 Sewon inggih menika salah satunggaling SMA favorit ing Bantul amargi anggenipun mlebet SMA menika kedah gadhah NEM ingkang inggil. Kula mlebet ing kelas atletik amargi kula remen sanget kaliyan olahraga Volly. Wiwit kelas X dumugi kelas XII kula mesthi angsal peringkat/rangking. Nalika kelas XII sampun paripurna, kula daftar kuliah lumantar jalur undangan inggih menika boten mawi test ananging namung ngginakaken biji raport kelas X dumugi kelas XII. Alhamdulillah kula ketampi ing UNY Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah. Sanadyan basic kula ing IPA ananging kula bersyukur saged mlebet ing UNY Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah amargi kula kepengen ndherek nglestantunaken budaya Jawi. Ing jaman samenika sampun kathah budaya-budaya ingkang sampun ewah saha muspra. Minangka generasi panerus bangsa kedah nglestantunaken warisan leluhur jaman rumiyin.

INGKANG KECEKEL JEBUL SANES INGKANG NYENGGOL

Pengalaman menika kadadosan nalika kula kuliah semester tiga. Kinten-kinten setunggal taun kepungkur. Nalika menika kula mlebet kuliah tabuh pitu enjing, anggen kula tangi radi kawanen. Kula bajur siap-siap lajeng ngampiri kanca kula ingkang namanipun Tanti budhal dhateng kampus. Saben dintenipun kula budhal dhateng kampus kaliyan Tanti. Sasampunipun ngampiri Tanti, kula saha Tanti banjur budhal kuliah kanthi banter anggenipun nitih motor. Dhasar kawanen, pramila anggenipun nitih motor banter supados boten kasep mlebet kuliah.
Enjing menika kepasan jawah nanging boten deres. Kula saking nggriya sampun mantrolan. Nalika ing pertelon celak Puskesmas Sewon saha Polsek Sewon wonten tiyang ingkang ngerem ndadak badhe menggok nengen. Nalika menika kula sampun mangertos menawi tiyang menika mesthi bakal ndadak anggenipun menggok. Leresss kadadosan, mboten let dangu kula mbatin, tiyang menika ngerem ndadak lajeng menggok nengen, kula sampun siap saha saged ngendhani. Ndilalah tiyang ingkang nitih motor ing wingking kula mbok menawi boten siap, lajeng nyenggol kula ngantos dhawah. Wonten sekawan motor ingkang dhawah amargi menika.
Kanca kula sampung ngadeg saha minggir piyambak, wondene kula dipuntulungi Pak Polisi ing Polsek. Kula kaget saha keweden nyumerepi asta kula sisih kiwa medal getihipun kathah. Lajeng kula dipunbopong saha dipunbeta ing Puskesmas. Nalika dipunbopong kula taksih mantrolan saha helman. Sepatu kula ugi namung kantun setunggal. Kula dipunpriksa dening perawat-perawat, asta kula suwek, saha pembuluhipun pecah saengga medal getihipun kathah. Ngendikanipun mbak-mbake kedah dipunjait. Kula langsung nangis amargi dereng nate ngraosaken menawi dipunjait saengga wedi.
Mbak-mbak perawat lajeng nyamektakaen piranti-piranti kangge njait. Salaminipun asta kula dipunjait, kula boten wantun ningali amargi wedi. Sanyatanipun boten sakit nanging sabibaripun biusipun telas nembe kraos sakit. Ing alangan menika, kanca kula namung aboh sukunipun. Sampung dipunpriksa negndikanipun namung njarem. Lajeng kula dipunsuwun wonten Polsek saperlu ngurus layang-layang motor.
Wonten Polsek kula kaget, ingkang dipuncekel dening Pak Polisi menika Mbak-mbak. Kamangka ingkang nyenggol kula dumugi dhawah menika Bapak-bapak. Pungkasan, ingkang tanggeljawab menika mbak-mbak ingkang dipuncekel dening Pak Polisi amargi sanesipun sampun mlayu. Mbak-mbakipun nggih namung manut, boten wangsulan kathah. Kula malah mesakke dhateng mbak-mbak menika, pramila mbak-mbak menika namung mriksakke kanca kula wonten ing Rumah Sakit amargi kula ngginakaken ASKES saengga boten bayar.

Cara Anggenipun Damel Wedang Ronde



Uba rampe ingkang dipunbetahaken kangge ronde:
·         100 gram glepung ketan
·         100 ml toya benter
·         uyah sacekapipun
·         750 ml toya kangge nggodhog ronde
Uba rampe ingkang dipunbetahaken kangge isi:
·         100 gram kacang brol, dipungoreng sangan
·         75 gram gula pasir
Uba rampe ingkang dipunbetahaken kangge kuah:
·         300 ml toya
·         2 gagang sere, dipundeplok
·         3 lembar godhong jeruk dipunbuang rosipun
·         8 potong jahe, dipundeplok
·         150 gram gendhis jawa, dipuniris alus
Cara anggenipun damel wedang ronde:
·         Campur kacang brol saha gula pasir lajeng dipunudhak, lajeng dipundhewekaken kangge isi ronde
·         Campur glepung ketan saha toya benter, dipunsukani uyah sacekapipun lajeng dipunuleni dumugi kalis
·         Pundhut sajumput adonan, lajeng diparingi isi ronde sasampunipun dipunparingi isi lajeng dipuntutup malih dipunbentuk bunder.
·         Masak toya kangge nggodhog ronde dumugi umub, salajengipun adonan dipuncemplungaken toya ingkang sampun umub dumugi kemambang, lajeng dipunangkat.
·         Supados boten kelet, dipunsukakaken ing larutan gula.
·         Masak gendhis jawa kaliyan toya, godhong jeruk, sere, saha jahe dumugi umub.
·         Dipunsiapaken mangkok kangge nyamektakaken rode. Ronde dipunparingaken mangkok lajeng dipunsukani kuah ronde.

KI GIRI PRAMANA

Guru, Dhalang, ugi Supranatural Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat kanthi sagudhang prestasi.

N
gudhar bab budaya jawa saha seni tradisi, Bapak Rasim menika ahlinipun. Amargi yuswanipun sampun sepuh, Pak Rasim akrab dipuntimbali kanthi sebutan “Mbah”. Mbah Rasim  inggih menika guru seni pedhalangan wonten ing SMKI Yogyakarta ingkang paling dangu anggenipun dados guru, pramila boten kaget menawi sami dipuntimbali “Mbah” sanadyan fisikipun dereng pantes menawi dipuntimbali “Mbah”. Mbah Rasim dalemipun wonten ing Dusun Duwuran Parangtritis Kretek Bantul, kalairaken 21 Agustus 1962. Garwanipun Ibu Sri Suparti saha kagungan putra kalih, estri saha kakung.
 Saderengipun dados guru, Mbah Rasim namataken S1 wonten ing ISI Yogyakarta Jurusan Seni Pedalangan. Panjenenganipun ugi nate sinau ing SMKI Yogyakarta. Boten namung ndhalang bidang keahlianipun nanging, ugi saged ngrawit, damel ringgit, ngruwat, damel naskah lakon kangge lomba tingkat nasional siswanipun, saha sasanesipun. Sampun kathah ringgit ingkang dipundamel piyambak dening Mbah Rasim. Wondene siswa ingkang dipunbimbing dumugi njuwarani lomba tingkat nasional ugi kathah. Mbah Rasim gadhah pikajengan supados saged nglestantunaken seni budaya tradhisional Jawi kados ta ringgit amargi seni budaya menika saged dados benteng dhateng perbawa saking budaya ingkang boten trep dhateng etika moral tiyang Jawi. Satemah kanthi lestantunipun budaya saged damel gesang menika tentrem lair saha batosipun, amargi budaya menika jatidhirining bangsa
Mbah Rasim saha ringgit asil tatahanipun piyambak.
Minangka dhalang, Mbah Rasim kebak prestasi. Awit saking pengalamanipun minangka ndhalang, piyambakipun sampun biasa pentas wonten ing pundi-pundi papan. Salah satunggalipun inggih menika pentas wonten ing Festival Wayang Pinggiran ingkang papanipun wonten ing Padepokan Mangun Joyo Tumpang Kabupaten Malang Taun 1996. Mbah Rasim ugi asring siaran ringgit purwa ing Radio RRI Jogja, RRI Semarang rikala taun 1997. Tanggal 7 Desember 1996, Mbah Rasim ugi pentas ing Balai Budaya Mina Martani ingkang dipunsiaraken ing Radio Retjabuntung (RBFM) kanthi lakon “Wahyu Prawiraningrat”. Pementasan menika ugi kangge bahan kajian disertasi S2 dening Prof.Dr.Endang Nurhayati. Pramila boten kaget menawi prestasinipun kathah.
Naskah-naskah lakon ingkang sampun kaserat dening Ki Giri Pramono (Mbah Rasim) kathah sanget. Awit saking naskah ingkang dipunginakaken ing  Festival Lomba Seni Siswa Nasional (FLS2N) ing Jakarta, Bali, Surabaya, lsp.
Sasanesipun Dhalang ugi Supranatural Kraton
Sasanesipun mahir ing bab pedhalangan, Mbah Rasim ugi dados supranatural Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat wiwit taun 1995 utawi asring dipunsebat abdi dalem.Asma paringan dalem Mbah Rasim inggih menika Mas Wedana Giri Pramana, pramila asring kasebut Ki Giri Pramana. Ngabdi ing kraton senajan bayaripun namung sakedhik nanging berkahi, gesangipun kacekapan. Wondene ngabdi dados supranatural Kraton menika tugas ingkang boten entheng miturut Mbah Rasim amargi ngenani babagan kang sipate wigati lan rahasia. Boten saben tiyang saged mangertos.
 Mbah Rasim menika ahli bab spiritual, panjenenganipun nate dados dhalang ruwat kados ta Ruwat Sukerta, Ruwat Bumi, Ruwat Sengkala. Kathah ingkang sami mastani “Wong Pinter/Wong sing dituakke” pramila anggenipun nimbali “Mbah”.