Selasa, 17 Desember 2013

KI GIRI PRAMANA

Guru, Dhalang, ugi Supranatural Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat kanthi sagudhang prestasi.

N
gudhar bab budaya jawa saha seni tradisi, Bapak Rasim menika ahlinipun. Amargi yuswanipun sampun sepuh, Pak Rasim akrab dipuntimbali kanthi sebutan “Mbah”. Mbah Rasim  inggih menika guru seni pedhalangan wonten ing SMKI Yogyakarta ingkang paling dangu anggenipun dados guru, pramila boten kaget menawi sami dipuntimbali “Mbah” sanadyan fisikipun dereng pantes menawi dipuntimbali “Mbah”. Mbah Rasim dalemipun wonten ing Dusun Duwuran Parangtritis Kretek Bantul, kalairaken 21 Agustus 1962. Garwanipun Ibu Sri Suparti saha kagungan putra kalih, estri saha kakung.
 Saderengipun dados guru, Mbah Rasim namataken S1 wonten ing ISI Yogyakarta Jurusan Seni Pedalangan. Panjenenganipun ugi nate sinau ing SMKI Yogyakarta. Boten namung ndhalang bidang keahlianipun nanging, ugi saged ngrawit, damel ringgit, ngruwat, damel naskah lakon kangge lomba tingkat nasional siswanipun, saha sasanesipun. Sampun kathah ringgit ingkang dipundamel piyambak dening Mbah Rasim. Wondene siswa ingkang dipunbimbing dumugi njuwarani lomba tingkat nasional ugi kathah. Mbah Rasim gadhah pikajengan supados saged nglestantunaken seni budaya tradhisional Jawi kados ta ringgit amargi seni budaya menika saged dados benteng dhateng perbawa saking budaya ingkang boten trep dhateng etika moral tiyang Jawi. Satemah kanthi lestantunipun budaya saged damel gesang menika tentrem lair saha batosipun, amargi budaya menika jatidhirining bangsa
Mbah Rasim saha ringgit asil tatahanipun piyambak.
Minangka dhalang, Mbah Rasim kebak prestasi. Awit saking pengalamanipun minangka ndhalang, piyambakipun sampun biasa pentas wonten ing pundi-pundi papan. Salah satunggalipun inggih menika pentas wonten ing Festival Wayang Pinggiran ingkang papanipun wonten ing Padepokan Mangun Joyo Tumpang Kabupaten Malang Taun 1996. Mbah Rasim ugi asring siaran ringgit purwa ing Radio RRI Jogja, RRI Semarang rikala taun 1997. Tanggal 7 Desember 1996, Mbah Rasim ugi pentas ing Balai Budaya Mina Martani ingkang dipunsiaraken ing Radio Retjabuntung (RBFM) kanthi lakon “Wahyu Prawiraningrat”. Pementasan menika ugi kangge bahan kajian disertasi S2 dening Prof.Dr.Endang Nurhayati. Pramila boten kaget menawi prestasinipun kathah.
Naskah-naskah lakon ingkang sampun kaserat dening Ki Giri Pramono (Mbah Rasim) kathah sanget. Awit saking naskah ingkang dipunginakaken ing  Festival Lomba Seni Siswa Nasional (FLS2N) ing Jakarta, Bali, Surabaya, lsp.
Sasanesipun Dhalang ugi Supranatural Kraton
Sasanesipun mahir ing bab pedhalangan, Mbah Rasim ugi dados supranatural Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat wiwit taun 1995 utawi asring dipunsebat abdi dalem.Asma paringan dalem Mbah Rasim inggih menika Mas Wedana Giri Pramana, pramila asring kasebut Ki Giri Pramana. Ngabdi ing kraton senajan bayaripun namung sakedhik nanging berkahi, gesangipun kacekapan. Wondene ngabdi dados supranatural Kraton menika tugas ingkang boten entheng miturut Mbah Rasim amargi ngenani babagan kang sipate wigati lan rahasia. Boten saben tiyang saged mangertos.
 Mbah Rasim menika ahli bab spiritual, panjenenganipun nate dados dhalang ruwat kados ta Ruwat Sukerta, Ruwat Bumi, Ruwat Sengkala. Kathah ingkang sami mastani “Wong Pinter/Wong sing dituakke” pramila anggenipun nimbali “Mbah”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar