Katresnan Jati
Wus tak deleng kanthi permadi
Wus tak deleng kanthi permadi
Wewayangmu
anggayuh katresnan jati
Ngadeg
mantep anetepi gumebyaring lintang ing wengi iki
Nalikane...
kekidunganmu anggawa daya sumringah ing sajroning ati
Gumebyuring
ombak mecahake sepining wengi
Angin
kang sumilir-silir nlusup ing sajroning manah,
nalika
sliramu teka anglelipur ati
Amung
lintang pating krelip
kang
madhangi jangkahing laku wengi iki
Nalika
tanganku kok kanthi
Napaki
wengi ginayuh tresna kang wus dumadi
Ngrembaka
endah sajroning ati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar