Wonten
ing tanah Jawi kathah kita panggihi asiling kabudayan ingkang maneka warni.
Paramila saged kawastanan bilih tiyang Jawi punika sugih kabudayan, inggih
saking basa, kasenian, teknologi, lan sapanungalanipun. Asil-asil kabudayan kala wau taksih kasimpen ing tanah
Jawi lan wewengkon sanesipun sae awujud seratan, barang-barang, wewangunan,
punapa dene ingkang boten saged kita tingali nanging saged kita raosaken
ingggih punika norma-norma utawi nilai-nilai ingkang dipunwarisaken dening para
leluhur. Saking asil-asil kabudayan kala wau saged kita mangertosi kados pundi
gesangipun tiyang Jawi ugi watakipun.
Asiling kabudayan ingkang awujud kasenian tiyang Jawi
punika kathah sanget. Asil budaya kasenian wonten ingkang arupi seni suwanten
(tuladhanipun karawitan, tembang, lsp.), seni drama utawi sandiwara
tradhisisonal (tuladhanipun ringgit, kethoprak, sandiwara radhio basa Jawi,
lsp.), seni gerak (beksan), Reog, jathilan, seni ukir, lsp. Nanging kairing
lampahipun wekdal saha majenging teknologi, sadaya kasenian kala wau dangu-dangu kageser saking manahipun
tiyang Jawi piyambak. Tiyang Jawi sapunika langkung remen dhumateng tayangan
ingkang ngandhut budaya saking manca ingkang gampil dipunpanggihi wonten ing
radhio, TV, punapa dene
medhia sanesipun. Ewah-ewahan kados punika tamtu ugi njalari ewah-ewahan ing
manah ugi penggalihipun tiyang Jawi, langkung-langkung generasi enemipun.
Ringkesipun, sapunika tiyang Jawi samsaya luntur kejawenipun, langkung remen
nuladha budaya manca.
Salah satunggaling asiling kabudayan ingkang awujud
kesenian inggih menika Reog Ponorogo. Reog Ponorogo inggih menika
salahsatunggaling kesenian khas daerah Ponorogo ingkang meh sirna menawi boten
wonten peran saking pamarintah saha sedaya masarakat ingkang badhe
nglestantunaken kesenian kasebat. Warga negara sanes justru ingkang
nglestantunaken, nyebabaken kesenian menika dipunduweni dening warga manca
kamangka menika kesenian khas saking Indonesia. Dampakipun muncul kontroversi negara tangga wiwit ngakoni
kesenian khas daerah kita menika kagunganipun negara tangga. Kamangka,
sejatosipun ing jaman samenika Reog menika satunggaling sendra tari ingkang
narik kawigatosan saha unik sanget menawi dipunpahami saha dipunsinaoni.
Pertunjukan
Reog jaman rumiyin ginanipun minangka upacara adat nanging, kairing majenging
jaman ewah dados kesenian tradhisional saha teater rakyat. Keunikan pertunjukan
Reog Ponorogo inggih menika Singo Barong ingkang gadhah bobot 50-60 kg menika
namung dipunperagakaken dening setunggal tiyang. Musik ing pertunjukan Reog
Ponorogo ugi boten kalah unik saha narik
kawigatosan. Iringan musik menika awujud perpaduan wirama ingkang beda
antawisipun kethuk, kenong, saha gong ingkang titilarasipun slendro saha swara
slompret ingkang titilarasipun pelog saengga ngasilaken wirama ingkang magis.
Kairing
majengipun jaman, sikap masarakat dhateng pamentasan kesenian tradhisional Reog
Ponorogo sampun ngrembaka. Reog Ponorogo samenika boten namung dipunpentasaken
ing Ponorogo nanging, ing daerah Salatiga ugi wonten satunggaling paguyuban
Reog inggih menika Paguyuban Sardulo Seto Mudho Utomo ingkang asring dipunsebut
“PASARSEMUT”. Paguyuban kasebat papanipun ing Jl. Pantirejo, Mrican, Salatiga.
Ancasipun damel paguyuban menika supados saged dados wadhah kreatifitas generasi muda supados saged
luwar saking sedaya hal ingkang ala kadosta kenakalan remaja saha kepengin
nglestantunaken kesenian daerah supados boten muspra dening modernisasi dunia.
Minat
masarakat dhateng kesenian Reog menika ageng sanget. Saged dipuntingali
wontenipun kesenian saking Ponorogo menika sanyatanipun boten namung
dipunpentasaken ing Ponorogo nanging, ing kutha sanes salahsatunggalipun inggih
menika kutha Salatiga ugi wonten ingkang damel satunggaling paguyuban Reog.
Kesenian Reog menika biasanipun dipunpentasaken ing daerah desa-desa ingkang
tebih saking kutha nanging, minat masarakat taksih ageng sanget. Kathak-kathahipun
ingkang ningali pamentasan Reog menika tiyang sepuh saha anak-anak. Kawontenan
menika dadosaken raos ingkang prihatin sanget amaragi arang sanget tiyang enem
ingkang ningali pertunjukan Reog menika. Kamangka, Reog salahsatunggaling
budaya utawi warisan leluhur ingkang kedah dipunlestantunaken. Ananging, kados
kasenian tradhisional sanesipun, Reog Ponorogo ugi sampun kageser ing manahipun
para sutresnanipun kaliyan tayangan-tayangan, saha paraga-paraga ingkang ngandhut budaya manca.
Saperangan
tiyang enem jaman samenika kathah-kathahipun boten kersa nglirik hal-hal
ingkang mambu-mambu tradhisional, langkung remen nongkrong-nongkrong boten
cetha tinimbang ningali pertunjukan kesenian tradhisional. Kesenian Reog menika
dipunanggep tontonan jadhul saha sampun ketinggalan jaman. Kathah-kathahipun
kawula mudha langkung milih ningali konser-konser band tinimbang ningali
kesenian tradhisional Reog. Kamangka, namung kanthi ningali kemawon kita sampun
ndherek partisipasi nglestantunaken kesenian tradhisional tilaran leluhur. Pola
pikir tiyang enem jaman samenika sampung dipunracuni dhateng tembung-tembung “gaul,
gengsi, saha jadul”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar