Selasa, 17 Desember 2013

INGKANG KECEKEL JEBUL SANES INGKANG NYENGGOL

Pengalaman menika kadadosan nalika kula kuliah semester tiga. Kinten-kinten setunggal taun kepungkur. Nalika menika kula mlebet kuliah tabuh pitu enjing, anggen kula tangi radi kawanen. Kula bajur siap-siap lajeng ngampiri kanca kula ingkang namanipun Tanti budhal dhateng kampus. Saben dintenipun kula budhal dhateng kampus kaliyan Tanti. Sasampunipun ngampiri Tanti, kula saha Tanti banjur budhal kuliah kanthi banter anggenipun nitih motor. Dhasar kawanen, pramila anggenipun nitih motor banter supados boten kasep mlebet kuliah.
Enjing menika kepasan jawah nanging boten deres. Kula saking nggriya sampun mantrolan. Nalika ing pertelon celak Puskesmas Sewon saha Polsek Sewon wonten tiyang ingkang ngerem ndadak badhe menggok nengen. Nalika menika kula sampun mangertos menawi tiyang menika mesthi bakal ndadak anggenipun menggok. Leresss kadadosan, mboten let dangu kula mbatin, tiyang menika ngerem ndadak lajeng menggok nengen, kula sampun siap saha saged ngendhani. Ndilalah tiyang ingkang nitih motor ing wingking kula mbok menawi boten siap, lajeng nyenggol kula ngantos dhawah. Wonten sekawan motor ingkang dhawah amargi menika.
Kanca kula sampung ngadeg saha minggir piyambak, wondene kula dipuntulungi Pak Polisi ing Polsek. Kula kaget saha keweden nyumerepi asta kula sisih kiwa medal getihipun kathah. Lajeng kula dipunbopong saha dipunbeta ing Puskesmas. Nalika dipunbopong kula taksih mantrolan saha helman. Sepatu kula ugi namung kantun setunggal. Kula dipunpriksa dening perawat-perawat, asta kula suwek, saha pembuluhipun pecah saengga medal getihipun kathah. Ngendikanipun mbak-mbake kedah dipunjait. Kula langsung nangis amargi dereng nate ngraosaken menawi dipunjait saengga wedi.
Mbak-mbak perawat lajeng nyamektakaen piranti-piranti kangge njait. Salaminipun asta kula dipunjait, kula boten wantun ningali amargi wedi. Sanyatanipun boten sakit nanging sabibaripun biusipun telas nembe kraos sakit. Ing alangan menika, kanca kula namung aboh sukunipun. Sampung dipunpriksa negndikanipun namung njarem. Lajeng kula dipunsuwun wonten Polsek saperlu ngurus layang-layang motor.
Wonten Polsek kula kaget, ingkang dipuncekel dening Pak Polisi menika Mbak-mbak. Kamangka ingkang nyenggol kula dumugi dhawah menika Bapak-bapak. Pungkasan, ingkang tanggeljawab menika mbak-mbak ingkang dipuncekel dening Pak Polisi amargi sanesipun sampun mlayu. Mbak-mbakipun nggih namung manut, boten wangsulan kathah. Kula malah mesakke dhateng mbak-mbak menika, pramila mbak-mbak menika namung mriksakke kanca kula wonten ing Rumah Sakit amargi kula ngginakaken ASKES saengga boten bayar.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar